
Dhuwur ing gegana seta
sumebar paksi kang endah swiwine
lir saput mega ngentha-entha
kang anyipta paksi ing langit padha mrene-a
dak sawang mareming ati
Ing ara ara kang sepi
atusan kidang anjagi
sungune kukuh pideksa angurmati kang anyipta
kidang sing jaga mrene a
yen dak sawang mareming ati
Ing banyu sendhang kang bening
mecungul mina kang asri
kepet-e sampur leledhang
lelangeng mringkang anyipta
mina ing sendhang padha mrene a
O Gusti kang Maha kwasa
Kang Nyipta langit lan bumi
sinawang ngedab-edabi
prakaryan agung mranani prakaryan dalem
njoning semedhi...mba sawang mareming ati